15 September 2014

LADRANG AYUN-AYUN Pelog/Slendro 6

Tansah ngayun-ayun kayungyun
Temah nandhang wulangun  marmane nyata mendah baya
Tansah besus macaka  ngadi sarira angedi busana
Karana amung sira pindha mustika  esemmu nimas maweh welas  dasih
Murih aja kanandhang kaswa sih mara age prayogane
Tumuli gambuh rasane kang ana tambuhna
Kang ora ana takokena mrih condhonging kalbu
Mrih aja rengu muga-muga adoh ing panyendhu
bangbang wetan suruping surya ing wengi bangun tan kendhat angayun-ayun

reff:
Ayun-ayun gobyok gawe gumun
Tekun sarta rukun akeh kang kayungyun
Dadi srana iku datan jemu
Nyawiji ing penemu condhong ing kalbu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
SPOT ABU-ABU - Free Blogger Templates, Free Wordpress Themes - by Templates para novo blogger HD TV Watch Shows Online. Unblock through myspace proxy unblock, Songs by Christian Guitar Chords